RONGeh jleg tumiBA;
GAgaran santoSA;
WARtane meh teKA;
SIkara karoDA;
TAtage tan kaTON;
BArang – barang ngeRONG;
SAguh tanpa raGA;
KAtali kawaWAR;
DAdal mekaSI;
TONda murang taTA;
Gambuh
Jaka Lodang gumandhul
Praptaningpang ngthengkrang sru muwus
Eling – eling pasti kersaning Hyang Widhi
Gunung mendhak jurang mbrenjul
Ingusir praja prang kasor
Nanging awya kaliru
Sumurupa kanda kang tinamtu
Nadyan mendak mendaking gunung wus pasti
Maksih katon tabetipun
Beda lawan jurang gesong
Nadyan bisa mbrenjul
Tanpa tawing enggal jurugipun
Kalkone karsaning Hyang wus pinasti
Yen ngidak sangkalanipun
Sirna tata estining wong
Sinom
Sasedyane tanpa dadya
Sacipta – cipta tan polih
Kang keraton – raton rantas
Mrih luhur asor pinanggih
Bebendu gung nekani
Kongas ing kanestanipun
Wong agung nis gungira
Sudireng wirang jrih lalis
Ingkang cilik tan tolih ring cilikira
Wong alim – alim pulasan
Njaba putih njero kuning
Ngulama mangsah maksiat
Madat madon minum main
Kaji – kaji ambanting
Dulbhan kethu putih mamprung
Wadon nir wadonira
Prabaweng salaka rukmi
Kabeh – kabeh mung marono tingalira
Para saudagar ingargya
Jroning jaman keneng sarik
Marmane saisiningrat
Sangarane saya mencit
Nir sad estining urip
Iku ta sengkalinipun
Pantoging nandang sudra
Ye wus tobat tanpa mosik
Sru nalangsa narima ngandel ing suksma
Magatruh
Mbok parawan sangga wangduhkiteng kalbu
Jaka lodang nabda malih
Nanging ana marmanipun
Ing weca kang wus pinesthi
Estinen murih kelakon
Sangkalane maksih nunggal jamanipun
Neng sajroning madya akir
Wiku Sapta ngesti Ratu
Adil parimarmeng dasih
Ing kono kersaning manon
Tinemune wong ngantuk anemu kethuk
Malenuk samargi – margi
Marmane bungah kang nemu
Marga jroning kethuk isi
Kencana sesotya abyor.


